Kamis, 2 Juni 2016
Kadang kita itu tidak tau asal usul desa kita senddiri, padahal kita dilahirkan dan dibesarkan disitu. karena itu, kali ini saya akan berbagi tentang asal usul Desa Karanggede lan Desa Wirogaten, Kebumen dalam versi jawa.
Wiwitane Desa Karanggede lan Desa Wirogaten, Kebumen
Kawiwitan saka paprangan antarane
Singojiwo lan Wirogati kang rebutan wilayah. Sakwise wong tuwane tilar dunya,
Singojiwo ngumbara lan mbukak alas. Alas kang dibukak Singojiwo jebul wis ana
sing duwe yaiku Wirogati. Wirogati yaiku wong asli dhaerah kono kang sadurunge
wis duweni kuwasa ana kono. Wirogati kang ngerti menawa alase ana sing mbukak,
dheweke nemoni Singojiwo. Singojiwo ora trima menawa alas kang wis dibukak iku
wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Singojiwo kang duweni watek sesongar nantang
gelut Wirogati, nanging Wirogati ora nanggepi tantangane Singojiwo. Wirogati
lunga saka omahe tapa ana guwa nglungani paprangan tantangane Singojiwo.
Wirogati bali lan olih wangsit supaya dheweke menehi alas kang wis dibukak
marang Singojiwo kanthi pathok kanggo wates pekarangane lan supaya Singojiwo
ora gawe sesongar ana desa iku.
Dhasar Singojiwo, dheweke ngambani alas kang wis dadi pekarangane
ngluwehi pathok nganti rong dusun. Perjanjen kang wis dadi sepakate wong loro
iku dilanggar Singojiwo. Wirogati kang ngerti alase diambani marang Singojiwo,
dheweke nimbali Singojiwo. Singojiwo ora netepi dhawuhe Wirogati. Singojiwo
malah nantang gelut. Dheweke malah nduweni kekarepan, menawa dheweke kalah
dheweke gelem mbalekake pekarangane. Nanging menawa sewalike dheweke menang,
pekarangan kang wis dibukak lan ditambahi rong dusun iku dadi dhuweke. Wirogati
nrima apa kang dikarepake Singojiwo. Paprangan antarane wong loro iku
kaleksanan.
Nalika perang, Singojiwo malih
wujud dadi macan loreng lan Wirogati ora malih wujud nanging dheweke nitih
jaran. Nganggo jaran iku Wirogati bisa ngalahake Singojiwo. Singojiwo kalah,
nanging dheweke tetep ora gelem netepi janjine menehake alas pekarangan kang
wis direbut. Wirogati kang nduweni watek nrima dheweke menehake pekarangan lan
alas kang wis dibukak nganti rong dusun iku. Wirogati menang nanging dheweke
ikhlas menehake pekarangan kang dijaluk Singojiwo.
Wirogati menehi pekarangan iku
kanthi panjaluk supaya anak putune bisa urip bebrayan ora ana sing padha
gelutan. Saka kedaden iku, ora ana maneh paprangan antarane wong loro iku
nganti anak putune. Menawa ana ya ora nganti geger. Dhaerah kang diduweni
Singojiwo lan Wirogati dadi desa kang guyub. Desa Karanggede lan Desa Wirogaten
arane. Karanggede nduweni teges karangan/pekarangan kang gedhe/amba. Desa
Karanggede iku wiwitane saka pekarangane Singojiwo sing amba, mula diarani
Karanggede. Menawa Desa Wirogaten, jeneng iku dijupuk saka jeneng Wirogati kang
dadi patriote Desa iku.
Sanjange para sesepuh desa loro iku
leluhure iku yaiku Mbah Singojiwo lan Mbah wirogati sawektu-wektu menthengul.
Mbah Singojiwo biyasane mujud singo kang menthengul ing wayah-wayah sandikala
utawa wengi-wengi tartemtu. Menawa Mbah Wirogati, ora mujud nanging mujud swara
jaran ngringik kang biyen-biyene titihane Mbah Wirogati.
Singojiwo kang nduweni watek
sesongar nyebabake anak turune mung dadi wong biyasa-biyasa wae. Ora ana sing
sugih banget utawa mlarat banget, ngalim banget utawa sewalike. Anak turune
percaya, saumpama kepengin dadi wong gedhe kudune lunga saka desa iku. Beda
karo wateke Mbah Wirogati kang nrima, anak turune Mbah Wirogati beda karo anak
turune Mbah Singojiwo. Anak Turune Mbah Wirogati akeh kang dadi wong gedhe.
Dadi desa kang makmur.
itulah asal usul Desa Karanggede dan Desa Wirogaten, Kebumen. semoga bisa bermanfaat.


